Wedhar Sabda Pasrah Badhe Panggih




Assalamu’alaikum Wr.Wb
Kawilujengan rahmat saha berkah saking Gusti ingkang Maha Kuwaos mugi tansah tumedhak dhumateng kita sadaya
Kula nuwun
Bapa (ayah pihak perempuan) sakaliyan ingkang winengku ing pakurmatan, ingkang sampun hamiji dhateng bapa (pamedhar pihak perempuan) ingkang kinurmatan.
Sowan kula sinaraya dening panjenenganipun bapa (ayah pihak laki-laki) kakalih, menggah wigatosipun, ingkang kapisan kula hangaturaken salam wilujengipun bapa (ayah pihak laki-laki) kakalih mugi katur bapa (ayah pihak perempuan) sakaliyan kahiring papuji mugi bapa (ayah pihak perempuan) sakaluwarga tansah hamanggya suka lan basuki.
Ingkang kaping kalih
Kula hanglarabaken  sowanipun anak mas (panganten laki-laki) putra kakungipun bapa (ayah pihak laki-laki) kekalih ingkang sampun kalampahan anjatukrama dhateng rara (panganten perempuan) putra estrinipun bapa (ayah pihak perempuan) sakaliyan, menggah keparengipun badhe kapahargya kanthi tatacara panggih, kula hamung sumangga.
Bapa (ayah pihak laki-laki) kakalih hamung hatur papuji mugi kalampahaning pahargyan ing dalu punika kalisa ing rubeda.
Mekaten atur kula, pinanggih kathah kekiranganipun kula hamung nyuwun pangapunten . Nuwun. Maturnuwun
Billahitaufiq wal Hidayah, wassalamu’alaikum Wr. Wb.

0 komentar:

 
Copyright 2009 Berita Versi Gua
BloggerTheme by BloggerThemes | Design by 9thsphere